oleh: Tri Miati
angina kang sumilir silir-silir
gawanen tresnaku iki
ing lor segara kana
aku nglabuhake katresnanku
tresna kang suci, kang tuwuh saka jeroning ati
ketiga wis ganti rendeng
rina wis ganti peteng
nanging tresna tansah unggreng
nari-nari ing antarane
bebundelaning manah
ngenteni sliramu
mbutuhake rasa sabar
mbutuhake rasa pangerten
mbutuhake rasa percaya
mbutuhake rasa yakin
sliramu mesthi bali
teka gawa sapikulan
rasa kangen lan tresna
dina kang tak enteni
bakal dadi dina kang sumringah
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Senin, 14 Juni 2010
Ngenteni
Label: geguritan, puisiKamis, 10 Juni 2010
Ati
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
sak kepel daging kang ana ing dhadha
ngobahake nyang endi urip iki bakal digawa
laku becik apa dene ala
kabeh gumantung saka ati
apa kita isih duwe ati?
nalika akeh wong kang kelara-lara
nalika ndeleng penindasan
kita mung meneng njanggleng
sanajan kupingmu kemrembeng
nanging kita mung anteng
mung bisa ndeleng
ati manungsa iku beda-beda
ana kang atine mulya
ana kang atine ala
raupana ati kang ala
kanthi ngerteni apa sejatine
kita urip ing donya iki
aja mung golek gumebyare urip
kang bisa gawe atimu mati rasa
Semarang, 15 Desember 2008
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Senin, 07 Juni 2010
Crita Wong Pinggiran
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
iki critane wong pinggiran
urip ana ing pinggiran
omah-omah kang jejubelan
namung saka kardus apa papan
bocah-bocah ora kenal sekolahan
saben dina mung kluyuran
golek duwit ning ndalanan
pamarentah bukane nulung
pamarentah malah menthung
Omah-omah kang dadi papan pangiyuban
Malah jare apak ana panggusuran
Ora ana kabar utawa pemberitahuan
Omah-omah dirataake lemah
Swara tangis tansah ngiris-iris
Swara tangis ngandaake kasusahan
Wong pinggiran kang sansaya disingkirake
Sansaya dikucilake
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Jumat, 04 Juni 2010
SUMINI
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
Sumini
Prawan ayu denok deblong
Dandanane moblong-moblong
Sapa weruh bakal kechantol
Simini bokonge bahenol
Lambene abang mrengangah
Jaka apa duda ora ana sing wegah
Sum…sum….
Sliramu pancen ayu
Senengmu nganggo rok mini
Apa malah nganggo bikini
Saben dina kluyuran
Golek codhot ing prapatan
Eman temen tho sum
Ayu-ayu kok murah
Pantese kowe nangomah
Ngurus simak apa simbah
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Selasa, 01 Juni 2010
Janji
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
Janji tresna
Janji setya
Janji teka
Janji, janji, janji
Kabeh mung janji
Aku ora butuh janji janji
Janji mung ana ing lathi
Janji gampang diucapke
Janji angel banget nepatine
Kabeh wong bisa janji
Aku bisa
Kowe bisa
Dheweke bisa
Ah…
Kabeh bisa
Janji kuwi utang
Janji kudu disarutang
Yen ora bisa nepati
Aja pisan-pisan gawe janji
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.


