oleh: Tri Miati
Esemmu kang manis
Gawe atiku adhem kaya banyu udan
Kang tumiba ing wayah ketiga glandrang
Cahya matamu kang endah
Mancaraken cahya kedamaian
Cahya kang tansah dadi panguripan
Ing wengi tanpa mbulan
Ora cukup ukara-ukara
Ora cukup geguritan
Kanggo ngutapake tresnaku iki
Tresna kang tuwuh saka jero ati
Wiwit aku lair nganti aku mati
Rasa tresna iki ora bakal mati
Tresnamu banget tulus
Tresna kang ora ngarepake pinwales
Tresna kang ngalir tanpa wates
Ora cukup nganggo bandha
Ora cukup nganggo arta
Kanggo males tresanamu
Mung ukara iki
Ukara kang tulus saka ati
Kanggo males tresnamu
“maturnuwun ibu “
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Jumat, 28 Mei 2010
Cahyaning Ati
Label: geguritan, puisiSelasa, 25 Mei 2010
Gusti
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
Swara adzan kang kumandang
Gawe mripat iki dadi mbrambang
Dadi eling marang kang kuasa
Dadi eling maranmg akehe dosa
Banyu wudhu kang suci
Sucikna rereget ing ati iki
Supaya ora ana rasa dengki
Lan uga rasa iri
Satemene namung marang ngarsaMu Gusti
Kabeh lelekonku tak akoni
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Minggu, 23 Mei 2010
Mbah Kakung (geguritan)
Label: geguritan, puisioleh: Tri Miati
Mbah kakung
Wong tuwa kang wis akeh yuswa
Wong tuwa kang wis ora duwe waja
Samparanmu kang cilik saumplik
Gawe njanggleng wae wis nrithik
Nanging tekadmu ora bisa diuthik-uthik
Pengen urip ing dalan kang becik
Mbah,,,mbah,,,,,
Sampeyan iku wis sepuh
Ora usah rikuh-rikuh
Yen pancen kepingin lungguh
Pancen wayahen uler keked
Wis ora kluge-kluged
Ngenthung lan tindakna tirakat agung
supaya dadi kupu kang linangkung
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Kamis, 20 Mei 2010
Anak lanang
Label: geguritan, puisiduh, anak lanang
nasibmu banget malang
lair ing jaman kang susah
jamane wong-wong kakean polah
jamane wong-wong kang padha sserakah
nang….nang….
ngapuranen ibumu
saiki kowe ora bisa ngombe susu
amarga ibu ora bisa tuku
susu kang regane sewidak ewu
nang…nang…
kaya ngapa uripmu mbesok
urip mesti sansaya susah
susah golek ilmu
susah golek kerja
susah golek mangan
susah serba susah
weling ibu marang kowe
umurmu isih dawa
dadiya wong kang mulya
urip kudu optimis aja pesimis
sanajan kabeh susah
kowe kudu sumringah
isih ana Gusti Allah
kang bakalparing berkah lan anugerah.
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Rabu, 19 Mei 2010
(wayang komedi) Sintha Diculik Rahwana
Label: cerpen, wayangoleh : Tri Miati
Sinta ngakon Rama supaya nyekelke kidang kencana.
“Kangmas, cekelna kidang iku jare sampean tresna karo aku.”
Tanpa mikir suwe Rama langsung ngegas Honda blade nggon dheweke kanggo ngoyak kidang iku. Sinta dikancani karo Lesmana, kekarone ngenteni Rama sinambi ngrungokake lagu saka ipod. Lagi enak-enake ngrungokake lagune Dewa ujug-ujug Sinta entuk SMS saka nomer anyar sing ngabarake yen Rama njaluk ditulungi. Lesmana dikonkon Sinta supaya nyusul Rama.
“Lesmana, ki aku entuk SMS sing isine ngabari yen Mas Rama njaluk tulung. Saiki sampeyan nyusul Mas Rama ya!”
“Ah, sapa ngerti iku wong iseng Mbakyu.”
“Kowe ki piye ta, apa ora kuwatir karo Mas Rama?”
“Ya ora ngono, aku ki rak mau kon ngancani sampean ning kene ta.”
“Alah padune kowe seneng karo aku ta? Eling aku ki wis dadi bojone Mas Rama.”
“Aku ora tau duwe pikiran kaya mengkono mbakyu, nek ra percaya saiki aku tak nyusul Mas Rama.”
Sinta kari ijen, mula Rahwana kanthi mardika bisa dhusta Sinta digawa menyang Apartemen Ngalengka. Jathayu weruh saka camera CCTV nalika Sinta digawa menyang Ngalengka. Dheweke banjur nelpon Rama,
“Halo Mas Rama……”
“Ana apa Jathayu? Kok kadingaren telpon aku, biasane wae mung miscall, hehehe…..”
“Aja guyon iki ana kabar penting, mau aku weruh bojomu digawa Rahwana menyang Ngalengka.”
“Kurangajar Rahwana, ya maturnuwun kabare ya.”
Krungu kabar iku Rama ngutus Anoman supaya ngluru Sinta ing Ngalengka. Anoman langsung menyang Apartemen Ngalengka kanggo nggoleki Sinta, sawise ketemu Anoman malah kecekel karo satpam Ngalengka. Anoman banjur diobong, nanging dheweke ora bisa kobong amarga wis siap-siap nganggo jas anti kobong. Genine malah diawut-awut kanggo ngobong Ngalengka. Sanalika Ngalengka dadi ribut ora karuan. Ing kahanan kang mengkono iku Anoman malah 3Gnan karo Rama, meruhake kahanan ing Ngalengka.
Pasukan kethek banjur dikirim menyang Ngalengka kanggo ngamanake Sinta. Ing Ngalengka geger, antarane pasukan kethek lan petugas keamanan Ngalengka tawuran. Akeh kang dadi korban saka tawuran iku, ana kang mati ana uga kang tatu-tatu. Saka tawuran iku genge Rama kang menang. Rama lan Sinta banjur bisa ketemu maneh.
“Kakang aku mau arep dicabuli karo Rahwana.”
“Ha, tapi kowe isih prawan tho?”
“Ya isih prawan tingting ta ya.”
“Sukur nek ngono, wis saiki tak jak maring salon yuk!”
“Lha meh ngapa kok malah maring salon ki?”
“Ya kanggo make over kowe ta men ayu maneh, kuwi delok rambut lan raimu ora kopen kaya ngono.”
“Oh iya mas aku mengko arep creambath, facial, manicure, lan liya-liyane.”
“Iya sakarepmu mengko tak enteni, sing penting kowe seneng.”
Rama lan Sinta banjur lunga saka Ngalengka. Pungkasane kekarone bisa urip bebarengan maneh kaya maune.
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
Selasa, 18 Mei 2010
(cerkak) Amarga Aku Tresna Sliramu
Label: cerkak, cerpenoleh: Tri Miati
Gilang lagi enak-enake nyruput es teh ujug-ujug saka burine ana tangan alus uga wangi nutupi mripate wong lanang gondrong iku.
“Haya sapa jal……” celathune Dila.
“Apa ta Dil?” saurane Gilang tanpa mikir suwi.
“Lho kok ngerti ta nek aku?”
“Elho nek aku ki wis apal karo ambumu, jarak 100 meter wae aku wis bisa ngrasakake ambumu sing kaya wedus kuwi” celathune Gilang sakgeleme.
“Huh….dasar kucing garong.”
“kwakwakwa…” Gilang ngakak .
Mengkono mau yen Gilang karo Dila ketemu wis kaya kucing karo wedus wae. Bocah loro mau pancen wis akrab banget awit OKKA dianakake. Kekarone padha njupuk jurusan seni musik ana ing Unnes.
“Dil aku bali kos dhisik ya, meh melu porak?”
“Ah ora, aku bar iki isih ana kuliah.”
“Tenan ki ora melu, mengko gelo lho,” Gilang sajak mbeda Dila.
“Gelo jawa, wis mrana lunga ah nyumpek-nyumpeki wae nangkene.”
“Ya wis aku ndisik ya,” celathune Gilang karo njangkah metu saka kantin.
***
Tekan ana kos-kosan Gilang langsung golek kertas lan kuas gawe nglukis. Senadyan jurusane dheweke seni musik nanging yen dikon nggambar pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong yen Gilang kuwi bocahe nyeni bangeti. Akeh banget kancane sing njaluk tulung dilukisake dheweke. Awit saka nggambar wong, kewan, kembang, lan liya-liyane dheweke bisa kabeh. Anehe saben-saben arep nglukis rupane Dila dheweke ngrasa angel banget. Ora bisa langsung dadi kaya nek nglukis liya-liyane. Mula iku saben mentas ketemu Dila dheweke langsung nglukis raine bocah wadon ireng manis iku sak kelingane. Yen awangane marang raine Dila wis lamat-lamat ora cetha dheweke nglereni anggone nglukis. Mengko yen wis ketemu Dila maneh lagi dibajutake.
“Wiuh edan tenan lukisanmu Lang, kaya lukisane tukang lukis professional wae,” aleme Sendy kanca sakosane Gilang.
“Ah biasa wae ngono kok.”
“Lha sing kuwi gambare sapa ta Lang, kok aku weruh wiwit sesasi wingi nganti sakiki durung rampung-rampung,” pitakone Sendy karo ngacungi gambare Dila sing durung diwenehi lambe.
“Oh kuwi gambare kancaku Dila jenenge, aku ya ora ngerti nglukis wong siji kuwi kok angel banget,” saurane Gilang.
“Wah mesthi wong special ki, nganti arep nggambar raine wae grogi,” Sendy mbeda Gilang karo cekikikan.
***
Sore iku Gilang nembe ketemu karo Dila, kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe nglukis. Nerusake lukisan sing durung rampung-rampung iku. “Wah akhire aku bisa ngampungke lukisan iki,” ucape Gilang saka jero atine. Sawise telung sasi nggawe lukisan iku akhire bisa rampung.
Tanggal sewelas Januari kang diarep-arep Gilang wis tekan. Dheweke ngenteni Dila sing lagi latihan nggitar ana ing gedung B7. Sawise rampung latihan Dila weruh Gilang sing lagi jagongan ana ing ngarepan.
“Heh ngapa kok durung bali Lang kan kowe wis ora ana kuliah ta? Ngenteni aku ya?” Dila sajak ngajak guyon.
“Iya aku ngenteni kowe Dil.”
“Ana apa kok kadingaren temen gelem ngenteni aku?”
“Ayo tak jak maring kosku sedhela wae.”
“Kok mung sedhela wong suwi ya ora apa-apa,” Dila langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.
Wong loro iku mau banjur mlaku bareng maring kose Gilang. Sawise tekan Gilang langsung menehake lukisane kang wis dibungkus nganggo kertas payung . “Met ulang tahun ya Dil,” ucape Gilang karo ngulungake lukisan iku. Dila kaget banget nalika iku, ora nyana yen kancane iku isih kelingan karo tanggal ulang tahune dheweke.
“Apa iki Lang, entuk tak bukak sakiki rak?”
“Bukako dhewe!” saute Gilang.
Dila langsung mbukak kadone, nalika wis kebukak lan weruh isine dheweke kaya ora percaya yen Gilang bisa nglukis awake persis kaya asline.
“Wuih….iki aku Lang, kok bisa persis banget ngene ta?”
“Jenenge wong tresna ki apa wae bisa dilakoni.”
“Wah-wah nembak aku ki critane.”
Dila mung mesam-mesem nanggepi Gilang sing ngungkapake rasa tresnane senajan ora terang-terangan. Dheweke ora menehi jawaban apa-apa marang Gilang.
Sore iku Banaran lagi grimis, Gilang ngeterake Dila tekan panggonan nyegat bis jurusan Sampangan. Saka wetan katon bis GP mara maring arahe wong loro iku mau. Dila nyekeli tangane Gilang karo ngomong, “Lang maturnuwun banget kanggo kabeh mau ya,” Gilang mung meneng wae ora bisa nyauri apa-apa. Lagi iki dheweke krungu Dila ngomong ora karo guyonan. Bis mau sansaya cedak Dila nguculake tangane banjur “cup” Gilang kaget banget nalika Dila ngambung pipine, dheweke kaya lagi ngimpi nganti ora ngerti yen wong wadon sing ngambung pipine iku wis nggeblas bareng bis GP mau. Wong lanang kuwi bali maring kos-kosane karo mesam-mesem dhewe, dheweke yakin yen Dila iku ya ngrasakake apa sing dirasa dheweke awit pertama kenal Dila.
***
Wis rong minggu sawise kedadean iku, kabeh bali kaya biasane maneh, nanging kanggone Gilang ana sing beda banget. Awit rong minggu iki dheweke ora tau weruh klebate wong wadon kang wis kelukis ana ing jero atine. Akhire dheweke entuk kabar saka Rina kancane Dila yen Dila sakiki lagi ana ing rumah sakit Karyadi amarga lara kanker otak. Krungu kabar iku Gilang kaya disamber bledeg , wingi wong wadon iku isih mesam-mesem ing ngarepe, sakiki lagi ngletak ana rumah sakit.
Sesuke Gilang mbolos kuliah mung merga arep niliki Dila ana ing rumah sakit Karyadi Semarang. Ora lali dheweke nggowo parcel isi buah. Nalika mbukak kamar panggonane Dila dirawat dheweke weruh Bapak lan Ibune Dhila lagi nangis sesenggrukan, “Dila tangi dil aja lunga dhisik nduk,” ucape Ibune Dhila. Sanalika parcel sing digawa Gilang mau ucul saka tangane, dheweke ora kuwat maneh ngadepi kanyatan kang ana ing ngarepe. Ora nyana yen kedadean wingi kang nyenengke atine iku dadi pungkasan dheweke lan Dila bisa bebarengan. Katresnan sing lagi wae diwiwiti kudu rampung ing dina kuwi.
Pirang-pirang dina sawise Dila lunga Gilang kaya wong linglung. Saben dina jumat dheweke marani Dila sing wis turu ayem ana ngisore kembang kamboja. Nalika ana wektu sela Gilang mung dolanan gitar kang biyen diwenehi Dila. Lagu sing ditembangke saben dina ora tau diganti liyane. Saat terakhir lagune ST 12 dadi lagu wajibe.
~***~
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.
MAMPIR NGOMBE (geguritan)
oleh: Tri Miati
he…wong kang pada kedanen donya
saben dinane mung arep golek bandha
ora nginguk nengen lan mangiwa
isih akeh wong padha rekasa
eling welinge Pak Kyai
nalika ngaji ahad wengi
jarene urip iki ora suwe
kaya dene wong mampir ngombe
jenenge mampir kuwi
ya ora suwi-suwi
mula urip kang sedela iki
gunakno kanthi sethithi
goleko sanguine mati
raja pathi teka samangsa-mangsa
ora pilih-pilih asma
ora pilih-pilih dina
njabut nyawane sira
tanpa pamit, tanpadinyana
*Tri Miati, calon sarjana mahasiswa Universitas Negeri Semarang.


